Cerita Dalam Bahasa Jawa

CERITA BAHASA JAWA - PITIK JAGO


Sore kuwi pas malem Jemuah Legi, Sarino (50 taun) lagi nyekar wong tuwane sing wis tinggal donya disarekane ing Kuburan Kembagarum, Talun. Nengah-nengahi dheweke nyekar dadak keprungu jago kluruk ambal-ambalan. Sarino enggal ndengengek. Dheweke apal banget karo kluruke jago kuwi. Barang disawang mripate dadi mlorok. Jagonadon kuwi duweke. Bener. Jago kuwi diundang Gembleng, saking tarunge ngedabi-dabi banget. Si Gembleng ilang saka kurungan  sepasar sadurunge dina kuwi. Lha ko wis kluruk ing tengah maesan kuburan. Mesthine dicolong maling banjur ucul, nalika mlayu menyang kuburan,pikire Sarino.
Ora pangling, Sarino kuwi jelas pitike jago sing ulese wido kuwi endhase buthak. Wis pokoke mesthi pitike sing ilang sepasar kepungkur.

“Bleng! Bleng! Bleng!” pangundange Sarino sinambi metheti jago kuwi. Pranyata jago kuwi mlayu ninggal Sarino. Dioyak alon-alon pethangkringan ing nduwur maesan. Sarino kanthi sabar ngoyak jago kui. Saben dicedhaki mlayu ngadoh. Saking kepengine kecekel jagone digawa bali, Sarino terus ngoyak jago kuwi. Jago wiring kuning mlayu sinambi petok-petok, isih wedi. Dumadakan mlebu cungkup peteng sing payone pating slengkrah. Dhasar wes wayahe surup, mulane njero cungkup wis peteng ndhendhet. Atine dadi mamang. Cungkup ing tengah kuburan kui kondang wingit. Sarino ngeling-eling kedadean sing wis kelakon ing cungkup kuwi...........





InformasiDescription
Nama File:Cerita Bahasa Jawa
Tugas:Bahasa Jawa
Jumlah Hal.:4L
Link Download:[Click Here]

Post a Comment

  • Digg
  • del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Yahoo! Buzz
  • Technorati
  • Facebook
  • TwitThis
  • MySpace
  • LinkedIn
  • Google
  • Reddit
  • Netvibes

POPULAR POSTS

Design by Blogger Tune-UpCopyright © 2011 Makalah Pelajar | Privacy - Disclaimer - Tentang Makalah Pelajar